Paribasan iku unèn-unèn kang ajeg panganggoné, mawa teges entar lan ora ngemu surasa pepindhan. Ana ing basa Jawa biasa diarani saloka lan ana uga kang ngarani bebasan.
Tuladha:
Kriwikan dadi grojogan. (prekara sing sepélé dadi gedhé).#paribasan
Lédhang-lédhang nemu pedhang. (nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana).#paribasan
Anak polah bapak kepradhah. (wong tuwa kang kewirangan amarga polahing anak)#paribasan
Kalah cacak menang cacak (samubarang pagawéan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orané)#paribasan
Durung ilang pupuk lempuyangé. (dianggep isih kaya bocah cilik) | Dianggap masih seperti anak kecil.#paribasan
Gemblung jinurung, édan kawarisa. (tumindak nékad, nanging malah nemu kabegjan) #paribasan
Kebanjiran segara madu. (nemu kabegjan/rejeki sing gedhé).#paribasan
Kajugrukan gunung menyan. (olèh kabegjan kang gedhé banget)#paribasan
Cedhak kebo gupak, cedhak cèlèng boloten. (Kekancan karo wong kang kelakuané ala bakal katut ala)#paribasan
Dandang diunèkaké kuntul, kuntul diunèkaké dandang. (bab ala dikandhakké becik, bab becik dikandhakaké ala)#paribasan
Kadhang konang. (wong kang diaku sedulur yèn wongé sugih utawa duwé pangkat)#paribasan
Kandhang langit, bantal ombak, kemul méga. (ora duwé papan/omah)#paribasan
Rebutan balung tanpa isi. (regejegan perkara kang sepélé).#paribasan
Aja golèk wah, mengko dadi owah. (aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman)#paribasan
Gong lumaku tinabuh. (wong gelemé omong mung yén ditakoni).#paribasan
Cébol nggayuh lintang. (wong duwé panggayuh kang mokal kecandhaké)#paribasan
Gliyak-gliyak tumindak, sarèh pikolèh. (senajan alon-alon anggoné tumindak, nanging bisa kelakon)#paribasan
Brekithi angkara madu. (wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi)#paribasan
Esuk dhelé, soré témpé. (ora antep, atiné molah-malih)#paribasan
Lajengaken Maos - Paribasan (1)
Tuladha:
Kriwikan dadi grojogan. (prekara sing sepélé dadi gedhé).
Lédhang-lédhang nemu pedhang. (nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana).
Anak polah bapak kepradhah. (wong tuwa kang kewirangan amarga polahing anak)
Kalah cacak menang cacak (samubarang pagawéan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orané)
Durung ilang pupuk lempuyangé. (dianggep isih kaya bocah cilik) | Dianggap masih seperti anak kecil.
Gemblung jinurung, édan kawarisa. (tumindak nékad, nanging malah nemu kabegjan) #paribasan
Kebanjiran segara madu. (nemu kabegjan/rejeki sing gedhé).
Kajugrukan gunung menyan. (olèh kabegjan kang gedhé banget)
Cedhak kebo gupak, cedhak cèlèng boloten. (Kekancan karo wong kang kelakuané ala bakal katut ala)
Dandang diunèkaké kuntul, kuntul diunèkaké dandang. (bab ala dikandhakké becik, bab becik dikandhakaké ala)
Kadhang konang. (wong kang diaku sedulur yèn wongé sugih utawa duwé pangkat)
Kandhang langit, bantal ombak, kemul méga. (ora duwé papan/omah)
Rebutan balung tanpa isi. (regejegan perkara kang sepélé).
Aja golèk wah, mengko dadi owah. (aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman)
Gong lumaku tinabuh. (wong gelemé omong mung yén ditakoni).
Cébol nggayuh lintang. (wong duwé panggayuh kang mokal kecandhaké)
Gliyak-gliyak tumindak, sarèh pikolèh. (senajan alon-alon anggoné tumindak, nanging bisa kelakon)
Brekithi angkara madu. (wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi)
Esuk dhelé, soré témpé. (ora antep, atiné molah-malih)